Legendha Watu Prau
Legendha Watu Prau
Gunung Gajah Bayat
Dhek
jaman biyen ing Gunung Gajah, Bayat, ana perkampungan kang sinebut Kampung
Jetis lan Kampung Wonorejo. Ing Kampung Jetis ana kenya sulistya sesilih Roro
Denok. Dene ing Kampung Wonorejo ana priya kang sekti mandraguna asesilih Joko
Tua.
Ing
sawijining dina Joko Tua mbebedhag, mlaku saka kampung siji tumuju kampung
liyane, nganti tekan ing Kampung Jetis. Joko Tua lan pengawale kentekan wedang.
Nalika arep njaluk wedang dumadakan Joko Tua weruh Roro Denok kang lagi mepe
klambi. Saknalika Joko Tua rumangsa kepranan marang kasulistyane Roro Denok.
Dina
sakbanjure Joko Tua nglamar Roro Denok. Roro Denok bingung amarga ora tresna,
nanging ugo wedi karo kesektene Joko Tua. Roro Denok ngajokake syarat kang abot
kanggo nolak kanthi alus. Dheweke pengin digawekake perahu kang kuat ing wektu
sewengi, diisi mas-masan lan rajakaya kanggo mas kawine.
Sakwise
wengi, Joko Tua njaluk bantuan para jin kanggo gawe prau. Ora nganti suwe, prau
wis meh dadi. Roro Denok bingung, nanging dheweke golek akal kanggo ngusir
jin-jin kang mbiyantu Joko Tua. Roro Denok njaluk tulung tangga-tanggane supaya
nuthuki lumpang, saengga pitik-pitik jago padha kluruk. Krungu jago padha
kluruk, para jin gage-gage lunga amarga dikira uwis esuk.
Joko
Tua nesu banget amarga ngerti menawa disrekal dening Roro Denok. Prau kang wis
meh dadi kui ditendang lan saknalika mbalik dadi watu kang sakbanjure katelah
Watu Prau.
Akhire
Joko Tua lunga saka Kampung Jetis kanthi nyepatani menawa kabeh keturunane Roro
Denok bakal dadi perawan tua.