Parafrase Tembang Dhandhanggula (Serat Wulangreh), Pada 5
Parafrase Tembang Dhandhanggula (Serat Wulangreh)
Pada Utawi Bait 5
Pada 5
Lamun ana wong micara kaki,
tan mufakat ing patang prakara,
aja sira age-age, anganggep
nyatanipun,
saringana dipunbaresih,
limbangen ingkang papat,
prakara rumuhun,
dalil khadis lan ijemak,
myang kiyase papat iku salah siji,
adate kang mufakat.
Parafrase Pada 5
Menawa ana wong kang micara babagan ilmu, nanging ora jumbuh ing patang prakara, aja sira gage-gage percaya, nanging saringen dhisik. Saringen lan timbangen nganggo patang prakara, yaiku dalil, hadist, itjma, lan kiyas. Salah sijine saka patang prakara kuwi mau kudu ana kang jumbuh.
Next
PARAFRASE TEMBANG DHANDHANGGULA BAIT 6
Lihat juga!
PARAFRASE TEMBANG DHANDHANGGULA BAIT 1
PARAFRASE TEMBANG DHANDHANGGULA BAIT 2
PARAFRASE TEMBANG DHANDHANGGULA BAIT 3
PARAFRASE TEMBANG DHANDHANGGULA BAIT 4
atau
DAFTAR LINK PARAFRASE TEMBANG DHANDHANGGULA LENGKAP (BAIT 1-8)