Pidato Bahasa Jawa Hari Pendidikan Nasional (++ LAGU DAN PANTUN JAWA)


Hai, teman-teman..., ini ada contoh pidato dalam bahasa Jawa (sesorah) yang di dalamnya terdapat lagu (sekar) dan pantun (parikan). Semoga bermanfaat.

Sesorah (Pidato Basa Jawa)
Tema : Pengetan Dinten Nasional

Mengeti Dinten Pendidikan Nasional

Assalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh
Alhamdulillahhirobbilalamin wa bihi nasta inu alaa umuriddunya waddin. Allohumma sholi ala Muhammad wa ala ali Muhammad, amma ba’du.
Wonten ngarsanipun Bapak Drs. Ngadi, M.Pd. ingkang satuhu kinurmatan lan rencang-rencang kelas 9E ingkang kulo tresnani. Langkung rumiyin sumangga kita sami tansah ngunjukaken puji dalasan syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun paring rahmat sarta nikmat barokahipun dumateng kita sami. Kacihna wonten ing kalodangan siang punika kita tansah pinaringan kesehatan kalonggaran saengga saget makempal manunggal wonten ing papan mriki wonten ing adicara pengetan dinten pendidikan nasional.
Shalawat saha salam mugi katetepna dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad Saw. Dhumateng keluarganipun, para sahabat lan pendherekipun, mugi kita sami kalebet umatipun ingkang mangke saget pikantuk safaatipun.
Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan, dinten pendidikan nasional utawi HARDIKNAS  menika dinten ingkang dipun tetepaken pemerintah Indonesia kagem mengeti Ki Hadjar Dewantara, pinangka tokoh pelopor pendidikan wonten ing Indonesia lan pengadek lembaga pendidikan Taman Siswa. Dinten nasional punika dipun tetepaken saking pemerintah miterat Kepres No.316 tahun 1959 tanggal 16 Desember  tahun 1959.
Ki Hadjar Dewantara dipun mangertosi wantun nentang kebijakan pemerintah kolonial Walandi, ingkang rikala semanten namung mikantukaken putra-putra saking Walandi lan putra-putra tiyang ingkang sugih ingkang saged sinau wonten pawiyatan.
Ki Hadjar Dewantara hanggadahi filsafat “Ing Ngarsa Sung Tuladha, Ing Madya Mangun Karsa, Tut Wuri Handayani” ingkang artosipun “wonten ngajeng maringi conto, wonten tengah maringi semangat, wonten wingking tansah maringi dorongan”. Kanthi filsafat Tut Wuri Handayani menika dipun ginakaken semboyan wonten ing dunia pendidikan Indonesia.
Kanthi momentum Dinten Pendidikan Nasional menika monggo kita sami ningkataken lan mbangun karakter, keterampilan, lan olah kridha ingkang langkung kiyat lan inggil saengga saged njunjung bangsa Indonesia saged majeng wonten ing dunia Internasional.
Salajengipun, kula ngaturaken pakurmatan ingkang sak inggil-inggilipun dhumateng bapak ibu guru ingkang sampun paring piwulang dhumateng putra-putra wonten ing pawiyatan Indonesia khususipun bapak ibu guru wonten ing SMP  Negeri  kalih klaten. Kepareng dalem ngaturaken sekar mawi irah-irahan Sekolah:
Esuk-esuk srengengene uwis metu, Sibu
Nyuwun pangestu kang putra badhe sinau, Sibu
Awan-awan srengengene ana tengah, Simbah
Bungah-bungah kang wayah mulih sekolah, Simbah
Sore-sore sinau ana ing sabak, Bapak
Griplak sada wis gumlethak jroning kotak, Bapak
Sugeng Dinten Pendidikan Nasional! Mugi-mugi Gusti Allah tansah paring ridho ikhtiaripun panjenengan sami kagem kemajuannipun bangsa lan negara kita Indonesia.
Numpak montor mabur mudun Surabaya,
Mbok bilih wonten klentuning atur kula nyuwun pangapura.
Akhirul kalam, Wassalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh.


Itu contoh sesorah yang saya buat sendiri, mohon maaf apabila terdapat kesalahan. Terimakasih.

Postingan Populer