Parafrase Tembang Dhandhanggula Pada 4
Parafrase Tembang Dhandhanggula
Bait / Pada 4
Pada
4
Nanging yen sira nggeguru kaki,
amiliha manungsa kang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing ukum,
kang ibadah lan kang wirangi,
sokur oleh wong tapa,
iya kang wus mungkur,
tan mikir paweweh ing liyan,
iku pantes yen den guronana kaki,
sartane kawruhana.
Parafrase
Pada 4
Nanging umpama sira meguru, miliha
guru kang saestu becik martabate, ngerti ing pranatan, sregep ngibadah, lan sukur-sukur
oleh kyai/guru kang mituhu lan ora duwe pamrih. Kang kaya ngono kuwi mau,
pantes sira guroni, lan ngertenana.
Next
Lihat yang ini juga, yuk!