Gancaran lan Piwulang Tembang Gambuh Pada "Tutur Bener Puniku"
Gancaran lan Piwulang Tembang Gambuh
Pada "Tutur Bener Puniku"
Tutur bener puniku
Sayektine apantes tiniru
Nadyan metu saking wong sudra papeki
Lamun becik nggone muruk
Iku pantes siro anggo
Gancaran tembang:
Piwulang / pitutur kang bener iku pantes ditiru, sanadyan sing maringi pitutur wong kang ora nduwe tetep kudu ditindakake.
Piwulang tembang:
Kesaenan / keluhuran tetep kesaenan sanadyan sing nuturi sapa wae.