Legenda Kota Kudus

Legenda Kota Kudus


Kala rumiyin, Kudus arupi dhusun alit ing wewengkon kraton Majapahit. Salah sawijining dinten,

wonten pedagang saking Cina asmanipun Sun Ging. Piyambakipun ahli ukir. Kawasisanipun sampun

kawentar dumugi kraton Majapahit. Kalajeng dipuntimbali dening Sang Nata Kraton Majapahit kapurih

ngukir rerenggan kraton. Kasilipun ngedap-edapi. Wusananipun, Sun Ging dipunparingi panggenan

kangge ngedekaken perguruan ukir ing dhusun papan panggenanipun. Ing sakmangke, papanipun kasebat Sunggingan, tegesipun papanipun kaluarga Sun Ging. Ananging , carios sanes nyebataken bilih

Sunggingan menika ateges ngukir/ nglukis. Juru sungging ateges ahli nglukis/ ngukir. Ingkang nggadhahi menika Ling Sing pedagang saking Cina. 

Sunggingan saya ngrembaka ekonominipun ngantos dumugi

Kraton Islam Demak Bintoro ingkang langkung caket tinimbang Kraton Majapahit.

Raden Patah minangka natanipun ngutus Syekh Jafar Shodiq, ulama ageng saking Persia kanthi

ancas ngislamake Sunggingan. Syekh Jafar Shodiq kairing para santri dumugi gapura kanthi ornament

Hindu warisan Majapahit. Ing gapura menika, Jafar Sodiq ngajak para warga sakkupengipun kapurih

ngrasuk agami Islam. Caranipun ngajak kanthi alus. Gandheng para warga ngrasuk agami Hindu, Japar

Sodiq ngasta lembu gapura kasebat. Masyarakat kepincut ndhatengi awit lembu menika minangka

Dewanipun. Boten dangu, saperangan warga sampun ngrasuk agami Islam, kalebet Sun Ging/ ling Sing

(sakmenika jalan Kyai Telingsing). Ing wasana, Jafar Sodiq ngedekaken masjid sakcelakipun gapura ing

dhusun menika. Bangunan mesjid dipunrengga kanthi rerenggan lempengan sela cemeng (batu hitam )

saking Baitul Maqdis ing Yerussalem, Palestina. Saking nami Baitulmaqdis menika nami dados nami

Kudus ingkang tegesipun suci. Saya dangu mesjid kasebat kawentar kanthi nami mesjid Kudus (mesjid

ingkang karengga lempengan watu Al Kuds/ watu suci). Kanthi wontenipun mesjid Al Kuds lan ngedekaken

pesantren, saya kathah masyarakat njaban kitha ingkang nggadhahi ancas ngaji lan maneka warni

pedamelan saya ngrembaka (dagang, tetanen, ngukir, lsp). Dhusun Sunggingan ingkang dipunrintis dening

Ling Sing dados kitha lan pusat pesantren kawentar kanthi sebatan Kudus. Syekh Jafar Sodiq misuwur

kanthi sebatan Sunan Kudus. Gapura ingkang kaginakaken syiar Islam dening Jafar Sodiq pranyata dados salah satunggaling ciri khas kitha Kudus inggih menika Menara Kudus.


a) latar panggonan: Sunggingan, Kudus, Majapahit

latar wektu: nalika Islam mlebu ing Kudus Majapahit latar kaanan: ayem, tentrem, nyenengake b) amanat: - ketrampilan kang diduweni bisa mulyakake urip - menawa ngajarake ilmu kanthi sabar lan cara ingkang sae, saengga saged ditampa kanthi seneng ing ati

Postingan Populer