Parafrase Tembang Dhandhanggula Pada 3

Parafrase Tembang Dhandhanggula (Serat Wulangreh)
Bait / Pada 3



Pada 3
Jroning Qur’an nggonira sayekti,
nanging ta pilih ingkang uninga,
kajaba lawan tuduhe,
nora kena den awur,
ing satemah nora pinanggih,
mundak katalanjukan,
temah sasar-susur,
yen sira ayun waskita,
sampurnane ing badanira,
punika sira anggegurua.

Parafrase Pada 3
Ing sajroning Al-Qur'an panggonanmu golek ilmu sejati. Nanging mung wong pinilih kang bisa uninga. Kajaba saking pitedahe Allah. Ora kena dicampur-campur. Ora bakal mbok temokake pitedah kang sayekti. Sliramu bisa malah saya kesasar. Menawa sliramu kepengin kasampurnan ing badanira, mula anggegurua.

Next
Lihat yang ini juga, yuk!

Postingan Populer