Parafrase Tembang Dhandhanggula, Bait / Pada 2
Parafrase Tembang Dhandhanggula (Serat Wulangreh)
Bait/ Pada 2
Pada 2
Sasmitaning ngaurip
puniki,
apan ewuh yen nora
weruha,
tan jumeneng ing
uripe,
akeh kang ngaku-aku,
pangrasane sampun
udani,
tur durung wruh ing
rasa,
rasa kang satuhu,
rasaning rasa punika,
upayanen darapon
sampurna ugi,
ing kauripanira.
Parafrase Pada 2
Isyarat / pratandha panguripan iki, ora
bakal dipahami menawa ora ngerteni uripe, ora bakal tentrem uripe, akeh sing
padha ngaku-aku, menawa wis paham, kamangka durung bisa ngolah rasa, rasa kang
satemene, awit saka iku, upayanen (golekana), rasaning rasa mau, supaya
sampurna uripmu.
Next
Lihat yang ini juga, yuk!