Parafrase Tembang Dhandhanggula (Serat Wulangreh), Bait / Pada 7

Parafrase Tembang Dhandhanggula (Serat Wulangreh)

Pada utawi Bait 7


Pada 7

Angel temen ing jaman mangkin,

ingkang pantes kena ginuronan,

akeh wong njaja ngelmune,

lan arang ingkang manut,

yen wong ngelmu ingkang netepi,

ing panggawene sarak,

den arani luput,

nanging iya sasenengan,

nora kena den uwor kareping janmi,

papancene priyangga.


Parafrase Pada 7

Pancen angel golek guru ing jaman saiki. Akeh wong kang njaja ilmune, nanging arang ingkang nuhoni. Yen  wong ngelmu nindakake panggawe ingkang sarak, kui den arani luput. Nanging kui hak pribadine dhewe-dhewe. Ora kena kapadakake kareping jalma. Saben jalma nduweni pamanggih dhewe-dhewe.


Next (Parafrase Tembang Dhandhanggula Bait Terakhir)

PARAFRASE TEMBANG DHANDHANGGULA BAIT 8

Lihat juga, yuk!

PARAFRASE TEMBANG DHANDHANGGULA BAIT 1

PARAFRASE TEMBANG DHANDHANGGULA BAIT 2

PARAFRASE TEMBANG DHANDHANGGULA BAIT 3

PARAFRASE TEMBANG DHANDHANGGULA BAIT 4

PARAFRASE TEMBANG DHANDHANGGULA BAIT 5

PARAFRASE TEMBANG DHANDHANGGULA BAIT 6

atau

DAFTAR LINK PARAFRASE TEMBANG DHANDHANGGULA LENGKAP (BAIT 1-8)

Postingan Populer